Jodhipati Fm Nganjuk

Jodhipati Fm Nganjuk
Get the Flash Player to see this player.







Klik pada Gambar yang sesuai dengan OS anda

Nama PerusahaanPT. RADIO JODHIPATI BUDAYA NAGARI
Nama Radio Radio Jodhipati FM
Frekuensi 106,1 Mhz
Format siaran 100% Budaya Jawa
Slogan Kumenyaring Budaya Nagari
Alamat Studio Dsn. Turi – Ngadiboyo – Rejoso – Nganjuk
Jawa Timur 64453
Telepon 0358 7612267 – 7641545
Fax 0358 612081
E-mail jodhipati_fm@yahoo.co.id,
Wahyujodhipati@gmail.com( Marketing)
Daya Pancar2000 Watt (diatas permukaan laut +_ 652 m)
Wilayah Jangkauan Radius 200 KM meliputi ( 9 Kabupaten): Kab. Nganjuk,
Kab. Kediri, Kota Kediri, Kab. Jombang, Kab. Mojokerto,
Kab. Lamongan, Kab. Bojonegoro, Kab. Ngawi, dan
Kab. Madiun
PURWAKA :

Citra Radhio Budaya ingkang dados misi saha unggah-ungguh, Radhio Jodhipati FM mengku werdi strategis salebeting mbudi daya nuwuhaken sarta ngrembakaken, kesadharan gadhah bongsa sarta gadhah Negari, ingkang nggadhahi jati dhiri lumantar tatanan Budaya Jawi, salebeting makna saha biji ingkang maujud kasunyatan, satemah dados perangan saking warga masyarakat ingkang gadhah kaperluwan. Jumbuh kaliyan dumadosing radhio Budaya Jawi kanthi giyaran 100 % Budaya Jawi sarta pasugatan lumantar format ugi Basa Jawi, ing pangajab saged njurung mawujuding lingkungan masyarakat kanthi kultur miwah budaya ingkang gadhah citra saha jati dhiri salebeting tatanan budaya ingkang saged ngraketaken pasedherekan tumanduk ing masyarakat. Kangge nggayuh tujuan kasebat, Radhio Jodhipati FM tansah mbudidaya salebeting nyugataaken program acara ON AIR sambung raos lumantar tilpun utawi SMS sinengkuyung wontenipun format program ingkang mikat sarta kagiyaraken dening juru giyar gamben, satemah radhio Jodhipati FM dados kalintang ing laladan Nganjuk sakupengipun. Ugi sinengkuyung tebaning giyaran ingkang wiyar, satemah saged kaginakaken dening pihak-pihak ingkang kagungan kaperluwan paring byawara. Radhio Jodhipati mbudidaya murih sae sanget tumanduk ing masyarakat agung, kangge mikantukaken bewara (informasi) mligi Budaya Jawi, satemah piguna kangge lestarining Budaya tilaraning para leluhur duk ing nguni.


Situs resmi : http://jodhipatifm.co.id

Belum ada Komentar untuk "Jodhipati Fm Nganjuk"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel